Senin, 09 Juli 2012

Terbuktinya Ramalan Jaya Baya dalam Kitab Musasar

Berikut adalah Ramalan-ramalan Prabu Jayabaya dalam Kitab Musasar yang sudah banyak terbukti pada saat ini :

Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.

Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.

Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.

Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.

Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.

Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.

Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.

Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.

Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.

Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.

Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik

Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.

keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah
sendiri.

Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.

Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.

Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.

Barang suci dibenci--- Yang suci (justru)
dibenci.

Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.

Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.

Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.

Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.

Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.

Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.

Nantang bapa--- Menantang ayah.

Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.

Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.

Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.

Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.

Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil

Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil

Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil

Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.

Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal
justru merasa malu.

Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.

Wegah nyambut gawe --- Malas untuk
bekerja.

Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.

Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.

Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.


Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.


Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).


Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.


Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan


Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.


Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.


Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.


Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.


Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.


Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.


Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.


Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.


Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.


Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.


Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).


Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.


Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.


Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.


Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.


Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.


Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.


Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.


Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.


Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.


Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.


Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.


Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.


Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.


Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.


Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat
makin dipuja.


Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.


Akeh laknat--- Banyak kutukan


Akeh pengkianat--- Banyak

pengkhianat

.


Anak mangan bapak---Anak makan bapak.


Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.


Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.


Guru disatru---Guru dimusuhi.


Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.


Kana-kene saya angkara murka ---

Angkara murka

semakin menjadi-jadi.


Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.


Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.


Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.


Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timur, barat, selatan,
dan utara.


Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.


Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.


Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.


Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.


Pengkhianat nikmat---

Pengkhianat

nikmat.


Durjana saya sempurna--- Durjana
semakin sempurna.


Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.


Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.


Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.


Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.


Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.


Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang
banyak yang tenggelam.


Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.


Akeh barang haram---Banyak barang haram.


Akeh anak haram---Banyak anak haram.


Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.


Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.


Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.


Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.


Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.


Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.


Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.


Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.


Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.


Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.


Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.


Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.


Sing wedi mati---Yang takut mati.


Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.


Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih


Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur


Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.


Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.


Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.


Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.


Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.


Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.


Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.


Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.


Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.


Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.


Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.


Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.


Anak lali bapak---Anak lupa bapa.


Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.


Pedagang adol barang saya laris---Jualan pedagang semakin laris.


Bandhane saya ludhes---Namun harta mereka makin habis.


Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---Banyak orang mati lapar di samping makanan.


Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.


Sing edan bisa dandan---Yang gila bisa bersolek.


Sing bengkong bisa nggalang gedhong---Si bengkok membangun mahligai.


Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.


Ana peperangan ing njero---Terjadi perang di dalam.


Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.


Durjana saya ngambra-ambra---Kejahatan makin merajalela.


Penjahat saya tambah---Penjahat makin banyak.


Wong apik saya sengsara---Yang baik makin sengsara.


Akeh wong mati jalaran saka peperangan---Banyak orang mati karena perang.


Kebingungan lan kobongan---Karena bingung dan kebakaran.


Wong bener saya thenger-thenger---Si benar makin tertegun.


Wong salah saya bungah-bungah---Si salah makin sorak sorai.


Akeh bandha musna ora karuan lungane---Banyak harta hilang entah ke mana


Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.


Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---Banyak barang haram, banyak anak haram.


Bejane sing lali, bejane sing eling---Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.


Nanging sauntung-untunge sing lali---Tapi betapapun beruntung si lupa.


Isih untung sing waspada---Masih lebih beruntung si waspada.


Angkara murka saya ndadi---Angkara murka semakin menjadi.


Kana-kene saya bingung---Di sana-sini makin bingung.


Pedagang akeh alangane---Pedagang banyak rintangan.


Akeh buruh nantang juragan---Banyak buruh melawan majikan.


Juragan dadi umpan---Majikan menjadi umpan.


Sing suwarane seru oleh pengaruh---Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.


Wong pinter diingar-ingar---Si pandai direcoki.


Wong ala diuja---Si jahat dimanjakan.


Wong ngerti mangan ati---Orang yang mengerti makan hati.


Bandha dadi memala---Hartabenda menjadi penyakit


Pangkat dadi pemikat---Pangkat menjadi pemukau.


Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang


Sing ngalah rumangsa kabeh salah---Yang mengalah merasa serba salah.


Ana Bupati saka wong sing asor imane---Ada raja berasal orang beriman rendah.


Patihe kepala judhi---Maha menterinya benggol judi.


Wong sing atine suci dibenci---Yang berhati suci dibenci.


Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.


Pemerasan saya ndadra---Pemerasan merajalela.


Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk
berperut gendut.


Pitik angrem saduwure pikulan---Ayam mengeram di atas pikulan.


Maling wani nantang sing duwe omah---Pencuri menantang si empunya rumah.


Begal pada ndhugal---Penyamun semakin kurang ajar.


Rampok padha keplok-keplok--- Perampok semua
bersorak-sorai.


Wong momong mitenah sing diemong---Si pengasuh memfitnah yang diasuh


Wong jaga nyolong sing dijaga---Si penjaga mencuri yang dijaga.


Wong njamin njaluk dijamin---Si penjamin minta dijamin.


Akeh wong mendem donga---Banyak orang mabuk doa.


Kana-kene rebutan unggul---Di mana-mana berebut menang.


Angkara murka ngombro-ombro---Angkara murka menjadi-jadi.


Agama ditantang---Agama ditantang.


Akeh wong angkara murka---Banyak orang angkara murka.


Nggedhekake duraka---Membesar-besarkan durhaka.


Ukum agama dilanggar---Hukum agama dilanggar.


Prikamanungsan di-iles-iles---Perikemanusiaan diinjak-injak.


Kasusilan ditinggal---Tata susila diabaikan.


Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.


Wong cilik akeh sing kepencil---Rakyat kecil banyak tersingkir.


Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---Karena menjadi kurban si jahat si laknat.


Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.


Lan duwe prajurit---Dan punya prajurit.


Negarane ambane saprawolon---Lebar negeri seperdelapan dunia.


Tukang mangan suap saya ndadra---Pemakan suap semakin merajalela.


Wong jahat ditampa---Orang jahat diterima.


Wong suci dibenci---Orang suci dibenci.


Timah dianggep perak---Timah dianggap perak.


Emas diarani tembaga---Emas dibilang tembaga


Dandang dikandakake kuntul---Gagak disebut bangau.


Wong dosa sentosa---Orang berdosa sentosa.


Wong cilik disalahake---Rakyat jelata dipersalahkan.


Wong nganggur kesungkur---Si penganggur tersungkur.


Wong sregep krungkep---Si tekun terjerembab.


Wong nyengit kesengit---Orang busuk hati dibenci.


Buruh mangluh---Buruh menangis.


Wong sugih krasa wedi---Orang kaya ketakutan.


Wong wedi dadi priyayi---Orang takut jadi priyayi.


Senenge wong jahat---Berbahagialah si jahat.


Susahe wong cilik---Bersusahlah rakyat kecil.


Akeh wong dakwa dinakwa---Banyak orang saling tuduh.


Tindake manungsa saya kuciwa---Ulah manusia semakin tercela.


Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.


Wong Jawa kari separo---Orang Jawa tinggal setengah.


Landa-Cina kari sejodho --- Belanda- Cina tinggal sepasang.


Akeh wong ijir, akeh wong cethil---Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.


Sing eman ora keduman---Si hemat tidak mendapat bagian.


Sing keduman ora eman---Yang mendapat bagian tidak berhemat.


Akeh wong mbambung---Banyak orang berulah dungu.


Akeh wong limbung---Banyak orang limbung.


Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar